Puji-Pujian atau Uro-uro Jowo Kuno Part 1

Tembang, Sejarah28 Dilihat

Puji-Pujian atau Uro-uro Jowo Kuno


  1. Puji-Pujian Haji


Lamon kuoso lungo haji

Ojo lali sing dinafkahi

Kaji iku cukup mung siji

Maslahat tonggo jo nganti lali

 

Ihrom wukuf towaf lan sangi

Tahallul ngetho’ rambut tlungiji

Yen wukuf ra dilakoni

Tahun sa’ bare wajib mbaleni

 

2. Puji-Pujian Saben malem jum’at(magrib)

Saben malem jum’ah ahli qubur tilik omah

Saben malem jum’ah ahli qubur tilik omah

Perlu nyuwun ayat qur’an sa’ kalimah

 

Lamun ora diwenehi banjur bali karo mrebes mili

Bali meng kuburan nyunggi tangan karo tetangisan

[dibawah ini umumnya tidak dibaca]

[Duh anak putuku ojo lali karo aku

Ora ngrumangsani podo mangan tinggalanku

Ora ngrumangsani podo mangan tinggalanku]

 

3. Puji-Pujian ayo sedulur(‘Isya)

Ayo sedulur sing sregep

NgajiNgaji iku sangune mati

Wong mati iku banget larane

Sebab nyawane ilang saking awake ….. 2x

 

Wong anom ndunya mung sesaat

Mangka sing age-age anggonmu tobat

Tobat saking sakabehe maksiat

Mumpung durung teka waktune wafat … 2x

 

Untung temen wong sing gelem sholat

Lan ngakeh-akehi maca Sholawat

Sholawat maring Nabi MuhammadSebab ngajeng-ngajeng angsal safaat .. 2x’

 

Ya Alloh Gusti kita nyuwun

Pinaringan Istiqomah

Ya Alloh, Gusti kita nyuwun

Mbenjang pejah Khusnul Khotimah 2x

 

Ya Allah Gusti kita nyuwun

Pinaringan umur berkah

Kangge ibadah kanti ta’atLan nebihi laku maksiat .. 2x

 

Ya Allah Gusti kita nyuwun

Pinaringan rizqi kathah

Saget kangge amai jariyah

Lan ziarah dateng Mekkah . 2x

 

4. Puji-Pujian pitakonan kubur(Isya)

Para sedulur mangertenana

Yen ing alam kubur bakal ana

Ana pitakonan nem perkara

Kudu bisa’a anjawab sira

 

Kaping sepisan pitakonane

Gusti Pangeranmu iku sapa ?

Nuli njawabpa kelawan cetha

Yen Gusti Allah Pangeran kula

 

Kang kaping pindho pitakonane

Sapa iku kanjeng Nabi Niro ?

Enggal njawabpa kelawan cetho

Yen Nabi Muhammad nabi kula

 

Kaping telune pitakonane

Ya apa iku agama nira ?

Jawabane ora ana liya

Ya iku Islam agama kula

 

Kang kaping papal pitakonane

Kiblat ira ya iku apa ?

Ka’batullah iku kiblat kula

Kaya mengkono njawabpa sira

 

Kaping limane pitakonane

Ya apa iku panutan sira ?

Kitab Al-Qur’an njawabpa sira

Ya iku kitab panutan kula

 

Kang kaping enem pitakonane

Ya sapa Iku sedulu iro ?K

aum muslimin uga muslimat

Ya iku kabeh sedulur ira

 

5. Puji-Pujian Gusti kulo nyuwun udan

Gusti kulo nyuwun udan ingkang deres

Gusti kulo nyuwun udan ingkang deres

Supoyo bumi teles supoyo pikiran anyes

Supoyo bumi teles supoyo pikiran anyes

 

6. Puji-Pujian Urip pisan(cocok ‘Isya)

Urip pisan ora mung jajal-jajalan

Ngamal iro anekseni tahun wulan

Lawas-lawas siro bakal ketimbalan

Mring ayunaning Alloh Ambal-ambalan

 

Ojo demen rambut dowo ireng dadi

Mbesuk tuwo uwan mumpluk koyo medi

Menyang langgar menyang mesjid podo ngaji

Sapuh anem mboten dipun wiji-wiji

Baca Ini : Pedoman-pedoman hidup Walisongo

 

7. Pujian-Pujian Ojo Dumeh (Maghrib)

Ojo dumeh pinter banjur do keminter 2x

Pinter yen ora bener uripe bakal keblinger 2x

Ojo dumeh ayu banjur do kemayu 2x

Elingono tuwomu ompong peyot ora ayu 2x

Ojo dumeh sugih banjur do semugih 2x

Bondo iku mung nyilih mbesuk bakale mulih 2x

Ojo dumeh mlarat banjur ragelem sholat 2x

Mlarat yen ora sholat rugi dunyo lan akherat 2x

 

8. Puji-Pujian Ilaahilas(suasana sedih)

Duh gusti kulo sanes ahli suwargo

Nanging kulo mboten kiyat wonten neroko

Mugi gusti kerso amaringi taubat

Lan ngapuro dosa lampah ingkang lepat

 

Duso kulo kados pasir ing segoro

Mugi nampi tobat, Alloh ingkang mulyo

Umur kulo suda ing sak bendintene

Duso kulo tambah dos-pundi kulo nyanggane

 

9. Puji-Pujian Sifat Alloh wujud

(9Maghrib)

Rongpuluh sifat wajibe Alloh

Sifat mukhale ugo rongpuluh

Sifat wenange iku siji

 

10. Puji-Pujian Pentil Dzikir(‘Asar)

Witing iman, godong Syahadat

Kembang Sholawat

Pentil Zdikir wohe Puji-pujian

Ya Alloh .. Amin Amin

ya Alloh Robbal ‘aalamin

 

11. Puji-Pujian Sekarat Pati

Ojo siro banget-banget

Nggonmu bungah ono ndonyo

Malaikat juru pati

lirak-lirik maring siro

 

Nggone nglirik Malaikat

Arep njabut nyowo siro

Yen wes teko titi mongso

Kudu budal ra keno semoyo

 

Larane sekarat pati

Sewu loro dadi siji

Mergo urip podo lali

Maring tuntunan Agami

Ninggal Sholat ninggal ngaji

Mong ma`siat seng dilakuni

Mulo urip seng ati-ati

Tembe mburi ben ora rugi

 

Sopo wonge gelem iman,

Taat miring dawuh Pengeran

Uripe tukun semahyang

Ora lali nderes Al-Qur`an

 

Rino wengi seneng wiridan

Amal sunnah dadi pakulan

Lamun mati sekarate –gampang.

Ora kroso babar pisan.